Sabtu, 25 Juli 2009


Tugas Basa Jawa Tentang SALOKA ^_^

  • SALOKA
  • Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane

o Pak SBY menika tetep dados presiden kaping kalih ing Indonesia amargi pak SBY kagungan tumindak ingkang becik.

  •   Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.

o Makarya bareng- bareng agawe kerukunan kang becik daripada mushan agawe bubar.

  •   Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepke.

o Pak Suci melu bancakaan tanggane, padahal ora diundang.

  •   Asu marani gebug = wong kang marani bebayan.

o Pak Rusdi melu bom bunuh diri ing hotel Merdeka.

  •   Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa.

o Deny Sumargo yen di ajari basket gelis pinter, amarga Deny berbakat ing basket.

  •  Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala

o Bocah sing cedak karo wong udud biasane katutan udud.

  • mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara

o Para mahasiswa kang ora matuhi pemerentah, biasane ngadakke demo, tawuran lan liya- liyane.

  • Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)

o Joko umure lagi 5 tahun, nanging wiz kayak umur 10 tahun. Joko wis gedhi, dhuwur kayak kangmase.

  • Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

o Sego kang wis dimasak dadi bubur, ora bakal isa dadi sego meneh.

  •  Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe
    panguwasa)

o Pegawai DPR dipecat kalian pemerentah amargi pada korupsi.

  •   Ngalem legining gula

o Wawan pas jagong gene nyebut kaluwihane mamat ana sing isa nyekel ulo, lewat tengah kuburan dewekan.

  •   Lanang kemangi

o Ndhek malam minggu kancaku pada jalan-jalan pas nglewati ngarep kuburan jati malh mlayu padahal ngarep kuburan iku padang lan ana akeh wong liwat.

  •   Krokot ing galeng

o Pak tasmi iku wonge sing wis kere tapi ndhekne ijek nduwe utang akeh.

  •   Kaya banyu karo lengo

o Caca lan dulure iku gene tukaran ning omah biasane tukaran ngrebutno pakanan utawa dolanan.

  •   Katon cempaka sewakul

o Yasmin iku bocahe pinter, ganteng, lan becik kelakuane mulakno akeh sing nyenengi.

  •   Kakehan gludhug kurang udan

o Petinggi ning desaku jarene ameh mbangun lapangan bal-balan ning desaku nganti sakiki ora ono tanda-tanda pembangunan lapangan bal-balan ning desaku.

  •   Kacang mangsa ninggala lanjaran

o Tedi iku pinter ning sekolahan lan sopan karo wong liya kelakuane tedi iku niru bapake . Bapake pada kayak iku.

  •   Jaran krubuhan empyak

o Pak tubi mlebu penjara amrga maling tapi ndhekne wis kapok ora nglakoni meneh buktine ndhekne tobat.

  •   Gumembrang ora adang

o Pak tubi dadi edan amarga ndhek wingi judi enthek-enthekan kaya kaleh pak supri ning lapangan.

  •   Gawe luwangan ,ngurugi luwangan

o Bu santi iki mau ditageh karo wong sing ndhuwe kontrakan tapi bu santi ora nduwe duwit ndekne langsung utang karo dulure kanggo mbayar kontrakan.

  •   Endhas gundul dikepeti

o Arjuna anake pak danang arjuna iku wis diwenehi pekerjaan sing enak lan bayarane gedhe ijek diwenehi tanah kanggo mbangon omah kaleh bapake .